Kamis, 26 April 2012

Dagangan sepi, dukun bertindak

iki critane ono wong dodolan kropok neng sepor lagi sambatan yen dagangane sepi..
sebut ae cak so'od... mergo dagangane ga payu-payu...cak so'od isoe mong sambatan ae.
ben papasan karo koncone podo-podo bakulane, mesti cak so'od sambat,
" yaopo kang ...dodolanku kok ga payu-payu...pie awakmu payu ta? cak so'od nakoni koncone sing dodolan tahu goreng, sebut ae cak pa'ad..
" aku ket isuk sampek saiki tahuku payu mong sitok ndil" jawabe cak pa'ad
cak so'od karo mesem nimpali omongan maneh.." enak awakmu jek ono sing payu, la aku blas gadas"
"wis di lakoni ae...sing sabar kang" cak pa'ad ngedem-ngedem cak so'od..
akhire cak so'od cerito neng cak pa'ad lek mari nekani neng dukun karo bojone..ihtiar ben dagangane laris.
"tak critani kang..rong minggu wingi aku karo bojoku neng dukun njalok sarat ben daganganku lari" critane cak so'od karo mesam-mesem..
cak pa'ad nyauri omongan " la terus pie,...di wehi sarat opo?"
"aku mong di kongkon sabar" saure cak so'od karo mesam mesem..
"laopo awakmu kok mesam mesem," cletu'e cak pa'ad..
cak so'od tetep mesam-mesem karo crito " la pie ga mesem, begitu aku crito lek daganganku sepi..la kok dukune yo sambat lek tamune sepi, ngomonge ngene....SING SABAR MAS...PODO AE MAS, NENGDI-NENGDI SAMBAT SEPI, IKI AE WIS TELONG MINGGU NGANTI SAIKI TAMUKU MONG SAMPEAN TOK, PADAHAL BOJOKU LAGI MBOBOT TUWEK, LAGI BUTUH-BUTUHE DUIT AKEH...WINGI AKU YO TELPON NENG KONCOKU ..KONCOKU KUI RONDO ANAK SIJI PROFESINE PODO KARO AKU DADI DUKUN...YO SAMBAT GA ONO TAMU, RONG DINO KEPUNGKUR OLEH TAMU SITOK..IKUPUN BINGUNG NYUGUHI...AKHIRE DI UTANGNO KOPI NENG WARUNG SEBELAH GAE NYUGUHI TAMUNE..."


Selasa, 03 April 2012

Cak Pa'ad pingin tatoan

Akeh berita neng tipi-tipi sing mberitakno artis indonesia awake di tatoi, lek artis lumrah dadi pantese, wonge ayu-ngganteng, mesti tatoane apik2, dadi mantesi.
cuman kurang api'eh yoiku akehe arek2 sing dudu artis melu2 awa'e di tato.
koyok cak pa'ad ,awake pingin di tato, iyo lek awake apik, la iki awake wis ireng,rambute gondrong ngruel wernone abang, pucu'e rambute akeh sing pecah2, wis lengkap sudah.
konco-koncone di jalu'i tolong nato awa'e, tapi konco2ne podo ra gelem, mergone awa'e cak pa'ad kui akeh panune.
Cak pa'ad tetep mekso koncone supoyo gelem nato, " aku ga iso nato 'ad" koncone ngomong karo ndelok gegere cak pa'ad sing nembelong-nembelong.
"wis tala tatuen aku gambar sembarang, engko tak buruhi rokok surya sak pack" cak pa'ad nyauri omongan karo ngewehno dom lan tinta.
"tapi aku ga iso nggambar.." saute koncone cak pa'ad
" wis tatuen sembarang, seng penting gegerku ono tatuane, ben ketok keren koyok artis2 kui loo" cak pa'ad nimpali omongan karo mecucu2.
koncone cak pa'ad seng jenenge sukadi akhire kepeksan nato, " yo wis tak tato yoo, tapi awakmu ojo ngamuk lek tatuane elek lo yooo." cak sukadi ngomong ngono karo nampani dom lan tintane
cak pa'ad nyauri omongan " wis tala, aku ga bakalan ngamuk lek tatuanmu elek, masio tatuanmu elek, tetep awakmu tak buruhi rokok sak pack."
"yo wis lek ngono awakmu lungguh ngadep mburi, tp temen yooo, aku di buruhi rokok sak pack loo."
saure cak sukadi karo nepakno dingklik gae cak pa'ad.
Slamete cak sukadi ndue ide, gegere cak pa'ad di tato, masio cak paa'ad mercing2 ngempet loro, cak sukadi ga ngereken..sing penting nato.
Akhire cak sukadi di wehi rokok surya sak pack, bar nampani rokok cak sukiadi ngaleh karo cekiki'an.
ndilalah wong2 kampung podo ngguyu ndelok tatoane neng gegere cak pa'ad, ternyata tatoane neng gegere cak pa'ad dudu gambar tapi gegere di tato tulisan SEDIA PULSA ELEKTRIK.

Rombeng menyelesaikan masalah tanpa masalah

Wis petang ulan suine cak Pa'ad wis ga kerjo maneh, perusahaane bangkrut akhire PHK massal, cak pa'ad katut di PHK
mergo cak Pa'ad jek anyar, pesangone mong sitik, gae urip petang ulang yo wis jablas..
bojone cak pa'ad wis ngalor-ngidul golek utangan, gae kebutuhan urip... buruhane umbah2 soko kongkonane tonggo-tonggo hasile ra cukup...
cak Pa'ad wis ngalor ngidul golek gawean tapi ga nemu-nemu...wis telung minggu cak Pa'ad neng omah ae, males golek gawean maneh...isoe mong turu neng omah
Bojone cak Pa'ad ngroeng ndelok bojone tura-turu tok ae...
ancen cak Pa'ad kebacot..lek sedino rong ndino turu tok jek ga masalah...la iki wis telung minggu tura-turu ae...
bojone cak pa'ad sing jenenge mbak ndari kui isoe mong ngelus dodo....nggugah cak pa'ad ra iso ngenekno...ngulat-ngulet mapan turu maneh....
lak kok ndilalah ono rombeng liwat....wis ga kesuen...mbak ndari langsung nyelok tukang rombeng.....bojone sing turune angler langsung di rombengno...
"lumayan payu kenek gae nempor beras" semaure mbak ndari karo ngguya-ngguyu.


Senin, 02 April 2012

Bojoku Njalok HP Blackberry



Mulih soko kerjoan cak so'od meruhi bojone lagi moco2 brosur hp....
Cak so'od ga wani nyide'i bojone,...
Cak So'od mong mbatin ..."delo'en ta engko bojoku lak njalok opo sing di delok matane".karo ngluyur ndekek tas kerjoane...
cak so'od nengdi-nengdi bojone ngetut wae,...cak so'od neng kamar, neng ngarep, neng mburi yo di tutno, akhire
cak so'od grisien ngrungokno penjalu'ane bojone, langsung njujok mlebu neng jeding ben ga ngetutno maneh....ancen bojone getol ngegolno kekarepane, masio cak so'od neng jeding sui ra metu-metu....bojone ketok-ketnk lawange jeding karo ngomong
" cakkk...cakk rungokno ta...hp blackberry iki lo apik, tuko'no opo'o cak...konco-koncoku wis di tuko'no bojone dewe-dewe...aku tok sing gorong nggae blackberry..."
cak so'od posing, ndase ngelu mikir penjalu'ane bojone.....cak so'od nyuri omongan soko njero jeding..." dik blackberry iku regone loo jek nem jutaan...sabar disek ngenteni petang tahun engkas lak regone mudon"
bojone cak so'od nyauri omongan garok gregeten..." halah cakkk golek utangan kan iso cak, mengko di cicil...aku tok sing ga ndue, aku isin karn konco-konboku cak"
cak so'od ngrungokno sambate bojone malah ngelu ndase...cak so&od njamba'i rambute,mikirno penjalu'ane bojone...langsung cak so'od nyemauri..." iyo-iyoooo....engko lek narik areisan ae tak tuko'no, wis awakmu ojo ngroeng ae"
begitu cak So'od ngiyoi....bojone senenge masa'alah karo jingkrak-jingkrak ...." asikkkkkk-asikkkkkk aku kate ndue blackberry" ...
begitu cak so'od metu teko jeding, langsung di rangkul sing wedok...karo ngomong"suwon yo cakkkk" ....cak so'od meneng ae ga nyemauri...
rodo sue bar salin cak so'od lungguh nonton tipi, bojone moro neng cak so'od nyuguhi kopi karo cakue,...bojone lungguh njejeri cak so'od, nduduhi brosur blackberry-ne...karo ngomong " narik arisane kapan cak, seminggu engkas yo cak"....begitu bojone ngomong koyok ngono, cak so'od meneng karo kecap2 ....akhire cak so'od ngomonge pelan.." dikk...sabar yooo....narik arisane dudu minggu mene...poko'e lek narik arisan pasti tak tuko'no...masalahe iku aku gorong melu arisan dikkkk"

Cak So'od uber-uberan karo jarane


cak so'od muleh neng omah numpak jaran, nanging jarane sing di tumpa'i mlakune klemar-klemer,
cak so'od akhire di tinggal karo kanca-kancane, mergo jarane kanca-kancane mlayune banter2,
sampek kate manjing magrib cak so'od jek tutok setengah perjalanan..
cak so'od mulai sumpek ... cak so'od mulai bingung golek akal, carane pie ben cepet teko omah..
akhire cak so'od ngrogoh tas, la kok nemu balsem,
cak so'od mikir2.." balsem iki ena'e gae opo yoo ....".
akhire cak so'od nemu ide....tinggg ..... idene cak so'od langsung di praktekno..
balsem sing di gegem langsung di bukak..dijupok sak dolet, terus di elet2no ning kono'ane jaran (kelamin)..
oleh pirang detik reaksi... spontan jarane ginjal-ginjal kepanasen ,
saking ga kuat panase, jaranane cak so'od langsung mlayu banter...
ndelok jarane mlayu banter cak so'od bingung...la pie ga bingung..wong cak so'od gorong numpak,jarane wes mlayuuu disek.
cak so'od mesah-mesoh pingin nguber jarane ga iso-iso...saking mangkele ..cak so'od akhire njopok balsem sak dulit...langsung di elet2no neng kono'ane .....akhire cakso'od mlayu banter karo berok2 nguber jarane...
masio mari di elet2h balsem tetep ae cak so'od ra iso ngenekno jarane...
la pie ,,, jarane ndue sikil papat, la cak cak so'od mung ndue sikil loro ponjol siti'......

KENALAN


Hei arek2 bloger...pie kabare ?
aku nggae blog iki tujuane gae guyonan ae...ga ono niatan nyinggung sopo-sopo.
sopo ngerti blok iki iso dadi obat gae ngilangno sumpek..
sing tak jalok soko konco2 blogger, lek iso melu komen sing lucu mesisan...
ben aku yo iso melu ngguyu...aku asli yo butuh ngguyu....
mulai saiki itungan ketelu..awak dewe ngguyu bareng2....
siji.....
loro...telu.......hahahahahahahaha